Monday, December 2, 2013

KITAB PARARATON (dua)

KITAB PARARATON (2)

Sah sira Bango Samparan saking [5a] Karuman. Ananakthi maring Rabut Jalu. Angrengha ujar saking akasa, konon muliha maring Karuman manih: ‘Hana anak mami manguwusana hutang ta haran sira Ken Angrok’. Sah sira Bango Samparan saking Rabutjalu. Lumampah saratri. Dadi manggih rare, kahi tang widhin ing Hyang den ira Bango Samparan. Singgih ta sira Ken Angrok binakta mantuk maring Karuman, ingaku weak den ira Bango Samparan.

Annuli maring kabotohan, kapanggih sira malandhang den ira Bango Samparan, inawana tohtohan. Alah sira malandhang. Mulih alah ira Bango Samparan. Tuhu yan widhin ing Hyang, mantuk sira Bango Samparan, binakta mantuk sira Ken Angrok den ira Bango Samparan. Sira Bango Samparan wahu angalap homah. [5b] Sira Genuk Buntu rabi tuwa, sira Tirthaya rabi anom. Hana anak ira Panji Bawuk, panghulu sira panji Kuncang, harin ira Panji Kunal. Sira Panji Keneng Kung uruju; wadon haran sira Cucupu Ranthi.

Sira Ken Angrok ta sira ingaku anak den ira Genuk Buntu. Malawas sira haneng Karuman, tan apatut sira kalawan para Panji kabeh. Don ira ken Angrok sah saking Karuman, tumuli sira mara ring Kapundhungan. Amanggih sira raryangon, anak ira tuan Sahaja, bhuyut ing Sagenggeng, haran sira tuwan Tita.  Apasanakan lawan sira Ken Angrok.

Atyanta den ing padha sih sihan tuwan Tita. Harep ta sira wihikana ring rupan ing aksara. Mara sira ring janggan ing Sagenggeng, hati smara jaka, ama aku winarahan sastra. Yata pinarahan sira ring rupaning sastra. Lawan panujun ing swara wyanjana sastra, sawreddhin ing aksara. Winarah ta sira ring rupa candra, kapegatan ing titimasa, lawan sasakala, sad-wara, panca-wara, sapta-wara, tri-wara, astha-wara, huku, bhisa sira Ken Angrok kalawan sira tuwan Tita, kalih sama winarahan den ing sastra.

Hana tatan manira janggan, upacara ring natar, wit ing jambu olih ira ananem. Atyanta den ipun awoh, tuhun ing atub anedheng. Piningit tan hanan ing wineh angundhuha. Nora-na wani ameta who ing jambu ika. Ling [6a] ira janggan: ‘Lakun rateng jambu ing kahundhuhen. Dahat den ira Ken Angrok kapingin tumon ing who ing jambu punika, pahaka citta who ing jambu ika.

Tekan ing ratri, masa sirep ing wong aturu, sira Ken Angrok sira aturu, mangkin ta lalawah metu saking wunwunan ira Ken Angrok. Adulur-dulur tan papegatan. Sawengi amangan woh ing jambu ika (nira) Janggan. Tumuli ring enjang, katinghalan agelar who ing jambu punika ring natar. Pinupu den ing pepedhek ira Janggan. Sira Janggan tumon ing woh ing jambu rusak agelar ing natar. Soka sira Janggan. Ling ira Janggan ri para jaka: ‘Paran sangkane rusak jambhu iku? ‘Sumahur pepedhek ira Janggan:’Pukulun rusak den ing tampak ing lalawah amangan jambhu puniki.’ Dadi sira Janggan angambil rwin ing panjalin nggen nira nerung jambhu punika. Tur de ra tu[7a]tunggu sawengi.

Sira Ken Angrok  malih aturu ring dalu kidul, asandhing kapungan alang-alang, ring pranah ira Janggan Kadhang amelik. Satinghal ira Janggan, mulat ing lalawah abebelaka dulur-dulur metu saking wuwunan ira Ken Angrok. Padha amangan who ing jambhu ira Janggan. Apeseh twas ira Janggan. Kawalahan anggetak  lawah akeh amangan jambhu nira. Srengan sira Janggan. Tinundung sira Ken Angrok, den ing Janggan. Akara Madhya ratri patundhung ira Janggan. Kaget sira Ken Angrok, kanuli metu. Aturu ring palang alangan ing jaba. Wineton den ira Janggan maring jaba katinghalan hana murub ing tengah ing alang alang. Kaget sira Janggan, amangidhepakena katunon. Pinariksa kang katon murub. Kapanggih sira Ken [7b]  Angrok kang murub ika. Tinanghi kinen mantuka, ingajak aturwa ing umah manih. Tutut sira Ken Angrok,  aturu ring patangahan manih. Enjang kinon angambila wohing jambhu den ira Janggan. Suka sira Ken Angrok. Ling ira: ‘Lah malar ingsun dadya wong. Ingsun anahura hutang ring sira Janggan’.

An sira Ken Angrok angwan kalawan sira tuwan Tita, agawe sira dukuh, kaprenah wetan ing Sagenggeng, tegal ing Sanja, pinaka nggen ira angadhang adhang wong umaliwat hawan. Lawan sira tuwan Tita rowang ira.

Hana ta wong amahat anor ing alas ing wong Mundhung, anak anak wadon ahayu milu maring alas. Teka ginamelan den ira Ken Angrok, rinowang sanggama ring alas. Yata ring Adhiyuga haran ing alas. Mangkin mresah sira Ken Angrok, wekasan sira anawan wong umalintang hawan.

Yata kawretta tekeng nagareng daha, den ira Ken Angrok karusuh. Yata [8a] ingilangaken sakeng Sagenggeng. Angungsi ta sira maring Rabut Gorontol, moggha ta kabebeng ing banyu kang alilangaken. Sot ita Ken Angrok: ‘Moggha ta banyu metuwa saking tan hana. Samangkana dadi kang tuwun, ta hana keweh ring Jawa,’ mangkana ling ira Ken Angrok.

Sah sira saking Rabut Gorontolan, angungsi ta sira maring Wayang, tegal ing Suka Manggala. Hana ta papikatan prit, irika ta sira anawala wong asedhahan manuk. Annuli sira maring Rabut Katu. Kapihanan sira tumon ing Ketu sawaringen ngenge. Irika nggen ira mput.

Angungsi [8b] ta sira ring Lulumbang. Angher ing wong amara depa, wijil ing wong anjuri, haran sira Gagak Inget. Kapwa lawas angher rika. Anawala wong umalintangan. Sah sira maring Kapundhungan. Amamaling sira ring pamalantenan. Kawruhan, kakepung binuru, binuru. Tan wruh ta paranan ira angungsi, amamanek ta sira ri wit ing tal. Ring pinggir ing kali, karahinan, kawruhan, yan amamanek ing tal, tinunggu den ing wong Kapundhungan ing sore, tinabuhan kajar. Tal punika winadhung dene kang amburu ring sira. Samangkana ta sira anangis, asambat ing kang ayasa dharma ring sira.

Bersambung ke bagian ketiga

No comments:

Post a Comment