KITAB PARARATON (8)
[27a] Ya tumuli akena angambila sawung ring juru kurung. Ling ira Nusapati: ‘Lah yayi ta adun ipun pisan’. ‘Singgih’. Ling ira Panji Tohjaya. Sama anajini dhawak, sama akembar.
Katungkul Sang Anusapati. Tuhu yan sedhengan antakan ira. Kemper pijer angadoken sawung ira. Sinudhuk den ira Panji Tohjaya. Liha Sang Anusapati, isaka 1171. Dhinarmma sira ring Kadhal. Gumanti sira Panji Tohjaya, anjeneng ratu ring Tumapel.
Hana ta putran ira Sang Anusapati, haran sira Ranggawuni. Kaprenah kaponakan den ira Panji Tohjaya. Sira panji Wongateleng sanak ira Panji Tohjaya tunggal ing bapa, sahu ibhu. Aputra ta sira ring Mahisa Campaka, kaprenah pahulunan den ira Panji Tohjaya, duweg ira Panji Tohjaya ingastren,[27b]pinarek ing mantri samadhaya. Maka nguni sira pranaraga. Marek sira Ranggawuni, adulur kalawan Kebo Campaka. Ling ira Panji Tohjaya: ‘He manteri samadhaya, makadhi Pranaraja. Delengen iki kaponakan ingsun kamakara rupane lawan pangadege, paran rupane musuh ingong ring nusantara? Dene wong roro iki, angapa nira Pranaraja?’ Asahur sembah sira Pranaraja matur: ‘ Singgih pukulun andhika, paduka Bhatara, apekik pekik ing rupa. Sama wani wani sira kalih, anghing pukulun upaman ira kadi wuwudhun munggwing nabhi, tan wurung sira amatyani ri puhara’. Meneng talampakan ira Bhatara, sangsaya karasa atur ira Pranaraja.
Runtik Sang Apanji Tohjaya, teher angundhang ing sira Lembhu Ampal. Kon anghilangaken ing R, aden kalih. Andhikan ira Panji Tohjaya ring sira Lembhu Ampal: ‘Mon luput den ira ngilangaken ing ksatriya roro iku. [28a] Ko dhak hilangaken!’ Duk sira Panji Tohjaya aken angilangana ri Raden kalih, ring sira Lembhu Ampal, hana wonten brahmana sedhang hanangka paheni, ring sira Panji Tohjaya. Awas den ira Dhanghyang angrengha, yan Raden kalih kinen hilangakena.
Awelas sang brahmana ring raden kalih. Awelas yen sira Lembhu Ampal kang kinen angilangakena. Yen luputa kalih, kaki sira puniki, den ipun Lembhu Ampal. Pun Lembhu Ampal gumanti hilangaken den ira Sri Maharaja’.
Lingira Raden kalih: ‘Aron ta sira kaki, asonetana rumuhan.’ Pinariringaken manawi brahmanan ira adwa. Yata Raden sama maring sira Panji Patipati.
[28b] ‘Isun asenetan ing umah ira. Anengguh isun harep hilangakena den ira Bharata. Yen isun atut harep hilangakena, nora dosan isun’. Pinarurung aken den ira Panji Patipati. Rahaden atut. Yen pakan ira ingilangaken pun Lembu Ampal sinalahan.
Mangkin henak den ira senetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih, tan kapanggih. Pinarurungaken tan hana parungon paran ira. Yata sinenggeh sira Lembhu Ampal sakarahita lawan raden kalih den ira Bhatara. Samangka sira Lembhu Amphal hingilangaken. Malayu asenetan tetanggan ira Panji Patipati.
Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen Raden hana ing panji patipati. Yata sira Lembhu Ampal, marek ing rahaden kalih. Atur ira Lembhu Ampal ri[29a] ng rahaden:’Manira angungsi ring paken ira pukulun. Dosan ira kinen angilangakena ring pakan ira den ira Bhatara. Mangkin ta manira anedha cineran, manawi pakan ira tan kandhel, den pakan ira henakane sira angawula ring pakanira. ‘Sampun cineran, awatara kalih dina, sira raden Lembhu Amphal marek ing raden kalih. Matur ing raden: ‘Punapa wekas ira rahaden pakan ira, tan wonten puharan ing asenetan? Manira anudhuka wong Rajasa mene, sedhang ipun ababanyu. Tatkala sore, anudhuk wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujar ing wong Rajasa: ‘Wong Sinelir anudhuk ing wong Rajasa’. Watara kalih dina wong sinudhuk den ira Lembhu Ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujare wong Sinelir.’
Wekasan atukaran wong Rajasa lawan wong Sinelir, rame aleng lengan. [29b] Sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sira Panji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen wong kalih batur ingillangaken. Mara sireng wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ling ira Lembhu Ampal: ‘Yen sira hingilangaken, angungsiya sira ring rahaden kalih sira, apan sama hana rahaden.’ Sanggup ing wong Rajasa, parekakena ugi Ki Lembhu Ampal, wong batur puniki bhinakta pinituhan ing wong Rajasa parek ing raden kalih, atur ira wong Rajasa: ‘Pukulun pakan ira ya kita a[30a] kawula Rajasa. Saandhika pakanira, pakanira corana, manawi tan tuhu pangawulan ipun. ‘Paheya den ipun ira angawula, mangkana wong Sinelir sama ingundhang pinituhan ipun. Tunggal sanggup ipun lawan wong Rajasa tur pinatut, kalih batur sampun kacoran.
Winekas mene sore, padha merene tur amawa sahayan ira sowang sowang. Pada ambarananga ring Kedhaton, sama amit mantuk, wong Sinelir lawan wong Rajasa, katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya. Sama marek ing hayun ira raden kalih. Sama samo, annuli mangkata mbaranang mareng jro kadhataon.
Yogha kagyat sira Panji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan, marin ing geger, rinuruh den ing kawulan ira. Pinikul pinalayoken [30b] mareng Katang Lumbang. Kang amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Ling ira Panji Tohjaya ring kang amikul: ‘Beciki gadagta katon pamungkure.’ Sangkan ing tan awet ratu dene silit iku. Rawuh sireng Katang Lumbang mukta ta sira. [30b] Anuli dhinarmme Katang Lumbang. Linan ira isaka 1172.
Bersambung ke bagian kesembilan
No comments:
Post a Comment